Pirang pirang taun ngeblog (arane dolanan Blog) rasane aku durung pernah mosting tulisan ning blog nganggo boso jowo. nah ing kesempatan iki aku rasane kudu banget nulis tulisan ing blogku iki (jejuluk pepesiwak.blogspot.com) nganggo boso daerah wae, amergo pirang pirang atus postingan ku kae kok sitok sitok durung onok blas sing nganggo boso jowo.
Lha mangkane kuwe aku saiki iki rasane kok kudu mosting tulisan ne blogku iki nganggo boso jowo, ne njero ceritoku iki njupuk tema acara liburan, settinge yoiku ono ing daerah tuban ndeso, sing ngisi dalane cerito cerito iki yaoiku ono wong 3 sopo wae iku?
1. Mutaa'ali alias moden, yoiku bocah enom ganteng dewe sak deso merkawang umure iseh sekitar 23 tahunan.
2. Dwi alias mas wing, yoiku bocah melayu karbitan, asline yo wong tuban, mung wes urip ing tanah riau pirang pirang taun dadine yo aksen jowone rodok rodok maleh kemelayu melayuan (dudu lari larian lho...). bocahe ceking dhuwur lan ganteng, mung iseh kalah ganteng karo sing jenenge muta'ali kasebut ing nomer siji kae.
3. ngepet, alias ngepet bocahe kulite putih gedhe dhuwur (dudu sapi), bocahe ganteng tapi iseh kalah ganteng karo muta'ali ambek wing.
ceritane iki sakjane soal liburan tanggal pitulikur desember 2011 wingi, ning nggone tempat rekreasi rakyat murah meriah ing tuban ndeso pelosok, jenenge panggonane yoiku krawak nggon sing akeh digawe cah enom enom ndeso kono kanggo kegiatan pacaran lan adus adusan sak karepe udel e dewe nek pas wektu liburan sekolah, mergo murah sejuk nanging iseh ndeso banget. panggonane ancene sejuk banget tur banyune sing bening ndadekno uwong mikir ra ngiro nek ne ndeso kono iku onok panggon adhus sing koyok ne daerah gunung gunung koyoto malang, magetan.
krawak iku panggonane mlebu sitik sak njerone alas singgahan nek kapan mlebu mrono ditarik karcis akeh e 2000 rupiah sak sepedah, dadi yo termasuk murah dibandingno rekreasi ne wbl, jatim park lan sak piturute. kaline krawak iku aliran dowo nganti tembus tok banyu mlorot nglirip (air terjun nglirip) ono ing kecamatan , mboh endi iku aku lali jenenge. sak wise medun teko nduwur sepedah akhire aaku, wing ambek ngepet podo mlayu ngecibling ning banyunan sing cedak karo sumberan dadine banyune iku bening lan adem banget, ne kono wong telu iku mau podho ciblon lan gemuyu seneng rasane atine dewe dewe ngerasakno ademe banyu sumberan, karo santai santai ngambang ambek ngerokoti jajan sing di sangu teko omah mau yoiku sak plastik bisuit kraker, sak liyane sangu jajan yo sangu sabun nanging lali ora sangu sampo dadine pas ne kono ono uwong keramas aku karo cah loro mau njaluk sampo ne uwong iku mau. dadine yo iso keramasan lan sabunan karo mengengah mengengeh guyu.
sak wise sabunan lan keramasan lanjut meneh mangan jajan ne njero banyu karo ngambang ngambang ne nduwur e pusaran banyu, rasane kepenak banget koyok adus ne panggonann sing apik apik koyoto hotel, waterpark, waterboom lan sakpiturute. karo ngawasi langit lan guyon sak karepe dewe ora suwe dwi alias mas wing keroso kademen awakke nggigil koyo uwong gering ngono kae, bangsane ancene awakke ceking lan kuru tenan dadine ngawasi rasane koyok saake tenan, akhire wing dijak mentas mendhuwur terus mepe awak ne nduwur watu karo poto poto. sak wektu ne nduwur watu karo mepe awak tibake ne njero kali mau ditekani meneh karo bocah nocah lanang jemagar tuwo koyone bocah asli kono, aku lan koncoku mau kaget ra ketulungan mergo wong wong iku mau podo adus nyemplung udo kabeh ra ono sing nganggo klamben, koyo ra nduwe isin uwong uwong iku mau pancene iku tempat wisata ndeso sing jarang pengunjunge dadine yo wong wong iku biasa adus udo ra nganggo busono. akeh e uwong uwong iku mau ireng ireng banget bekakase.
Akhire aku lan koncoku loro mau lanjut dolanan tok banyu melorot nglirip (air terjun nglirip), kancaku kuliah ning malang kae jane tau tak ceritani nek ne tuban iku onok banyu melorot dadi ora mok ning malang tok wae sing pancen topografine mendukung onoke banyu melorot tapi ne tuban sing relatif datar iki tibake yo ono lhoo. karcise mlebu ne panggon rekreasi ndeso sing ra dikelola iku murah mung rung ewu rupiah, ne panggonan kono iku lumayan akeh uwong dodol panganan ora koyok ning kerawak mau sing onok e mung wit karo suket (makanan kebangsaan e wing karo ngepet), ning sekitar nglirip iku akeh e wong dodol rujak mbakso, lan sego segoan. akhire aku lan koncoku loro mau mudun ndelok banyu melorot teko jarak sing lumayan parek banget yoiku sekitar 10 meter teko curuk e, dalan mudune iku mau curam lan tajam angel diwetoni menungso nanging yo iseh akeh menungso sing belani teko mrono, ne panggon kono iku akeh banget bocah cilik cilik usia welasan, bocah tuwo usia likuran, sing podho pacaran lan dolan karo kancane dewe dewe biasane bocah bocah iku mau menowo podo stres karo sekolahe utowo penggaweane dadi dino libur dimanfaatno kanggo liburan ne panggon rekreasi banyu melorot iku.
ne nggone kon aku lan koncoku loro podo poto poto sak karepe dewe, yoiku ing gambar kae aku nganggo kaos blogger, ngepet kaos wpaper, mas wing klambi pelancongan adoh koyo pengembara sing umahe adoh banget. menowo cuacane panas banget akhire aku mbek koncoku loro muleh teko panggon kono iku, nggenjot sepedah montor terus amblas muleh mergo keroso kesel banget lan manduk ora siak dadine ngepet ngajak kudu cepet muleh, jam rolas akhire tok omah trus bocah loro koncoku iku mau podo ngglimbung dewe dewe terus amblas turu perkoro keselen awakke, akhire jam telu sore bocah loro iku mau muleh ne omahe dewe dewe, sing aku malah ngantuk terus keturon nanging sak wise turu rasane awakku panas banget dadine sediono iku aku ndekem ne kamar ngilangno panas mau.
wes cukup sakmono ndisik dulur ceritaku, cerito teko ndeso nganggo bosone menungso sing ora lumrah iki, nggeh mugi mugi saget dipun serep kalehan utek e kiyambak kiyambak nggeh, sak durung e tak tutup nganggo pantun
jambu mente isine ne njobo
ojo mlete yen dadi menungso,
wes cukup sak mene yo dulur, sampek kepethuk meneh ning sejene dino
Lha mangkane kuwe aku saiki iki rasane kok kudu mosting tulisan ne blogku iki nganggo boso jowo, ne njero ceritoku iki njupuk tema acara liburan, settinge yoiku ono ing daerah tuban ndeso, sing ngisi dalane cerito cerito iki yaoiku ono wong 3 sopo wae iku?
1. Mutaa'ali alias moden, yoiku bocah enom ganteng dewe sak deso merkawang umure iseh sekitar 23 tahunan.
2. Dwi alias mas wing, yoiku bocah melayu karbitan, asline yo wong tuban, mung wes urip ing tanah riau pirang pirang taun dadine yo aksen jowone rodok rodok maleh kemelayu melayuan (dudu lari larian lho...). bocahe ceking dhuwur lan ganteng, mung iseh kalah ganteng karo sing jenenge muta'ali kasebut ing nomer siji kae.
3. ngepet, alias ngepet bocahe kulite putih gedhe dhuwur (dudu sapi), bocahe ganteng tapi iseh kalah ganteng karo muta'ali ambek wing.
ceritane iki sakjane soal liburan tanggal pitulikur desember 2011 wingi, ning nggone tempat rekreasi rakyat murah meriah ing tuban ndeso pelosok, jenenge panggonane yoiku krawak nggon sing akeh digawe cah enom enom ndeso kono kanggo kegiatan pacaran lan adus adusan sak karepe udel e dewe nek pas wektu liburan sekolah, mergo murah sejuk nanging iseh ndeso banget. panggonane ancene sejuk banget tur banyune sing bening ndadekno uwong mikir ra ngiro nek ne ndeso kono iku onok panggon adhus sing koyok ne daerah gunung gunung koyoto malang, magetan.
krawak iku panggonane mlebu sitik sak njerone alas singgahan nek kapan mlebu mrono ditarik karcis akeh e 2000 rupiah sak sepedah, dadi yo termasuk murah dibandingno rekreasi ne wbl, jatim park lan sak piturute. kaline krawak iku aliran dowo nganti tembus tok banyu mlorot nglirip (air terjun nglirip) ono ing kecamatan , mboh endi iku aku lali jenenge. sak wise medun teko nduwur sepedah akhire aaku, wing ambek ngepet podo mlayu ngecibling ning banyunan sing cedak karo sumberan dadine banyune iku bening lan adem banget, ne kono wong telu iku mau podho ciblon lan gemuyu seneng rasane atine dewe dewe ngerasakno ademe banyu sumberan, karo santai santai ngambang ambek ngerokoti jajan sing di sangu teko omah mau yoiku sak plastik bisuit kraker, sak liyane sangu jajan yo sangu sabun nanging lali ora sangu sampo dadine pas ne kono ono uwong keramas aku karo cah loro mau njaluk sampo ne uwong iku mau. dadine yo iso keramasan lan sabunan karo mengengah mengengeh guyu.
Akhire aku lan koncoku loro mau lanjut dolanan tok banyu melorot nglirip (air terjun nglirip), kancaku kuliah ning malang kae jane tau tak ceritani nek ne tuban iku onok banyu melorot dadi ora mok ning malang tok wae sing pancen topografine mendukung onoke banyu melorot tapi ne tuban sing relatif datar iki tibake yo ono lhoo. karcise mlebu ne panggon rekreasi ndeso sing ra dikelola iku murah mung rung ewu rupiah, ne panggonan kono iku lumayan akeh uwong dodol panganan ora koyok ning kerawak mau sing onok e mung wit karo suket (makanan kebangsaan e wing karo ngepet), ning sekitar nglirip iku akeh e wong dodol rujak mbakso, lan sego segoan. akhire aku lan koncoku loro mau mudun ndelok banyu melorot teko jarak sing lumayan parek banget yoiku sekitar 10 meter teko curuk e, dalan mudune iku mau curam lan tajam angel diwetoni menungso nanging yo iseh akeh menungso sing belani teko mrono, ne panggon kono iku akeh banget bocah cilik cilik usia welasan, bocah tuwo usia likuran, sing podho pacaran lan dolan karo kancane dewe dewe biasane bocah bocah iku mau menowo podo stres karo sekolahe utowo penggaweane dadi dino libur dimanfaatno kanggo liburan ne panggon rekreasi banyu melorot iku.
ne nggone kon aku lan koncoku loro podo poto poto sak karepe dewe, yoiku ing gambar kae aku nganggo kaos blogger, ngepet kaos wpaper, mas wing klambi pelancongan adoh koyo pengembara sing umahe adoh banget. menowo cuacane panas banget akhire aku mbek koncoku loro muleh teko panggon kono iku, nggenjot sepedah montor terus amblas muleh mergo keroso kesel banget lan manduk ora siak dadine ngepet ngajak kudu cepet muleh, jam rolas akhire tok omah trus bocah loro koncoku iku mau podo ngglimbung dewe dewe terus amblas turu perkoro keselen awakke, akhire jam telu sore bocah loro iku mau muleh ne omahe dewe dewe, sing aku malah ngantuk terus keturon nanging sak wise turu rasane awakku panas banget dadine sediono iku aku ndekem ne kamar ngilangno panas mau.
wes cukup sakmono ndisik dulur ceritaku, cerito teko ndeso nganggo bosone menungso sing ora lumrah iki, nggeh mugi mugi saget dipun serep kalehan utek e kiyambak kiyambak nggeh, sak durung e tak tutup nganggo pantun
jambu mente isine ne njobo
ojo mlete yen dadi menungso,
wes cukup sak mene yo dulur, sampek kepethuk meneh ning sejene dino
0 comments:
Posting Komentar